Saturday, August 28, 2010

Mbah Tukijo

Mbah Tukijo dirawat ndhik Rumah Sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irung sampek dipasangi selang.

Wis pirang2 dino iki mbah Tukijo meneeeng ae koyok wong koma. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno Mudhin ben didungakno.

Pas Mudhin enak2 ndungo, moro2 mbah Tukijo megap2 gak iso kambekan, raine pucet. Nganggo boso isyarat mbah Tukijo nirokno wong nulis. Anake ngerti maksute, langsung njupukno kertas mbek pena.

Ambek megap2, mbah Tukijo nulis surat. Mari iku mbah Tukijo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhin. Ambek de'e surate iku mau lsg disaki, rasane koq gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire Mudhin.

Mari ngesaki surat, pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono mbah Tukijo mangkat. Uakeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Tukijo iku wonge apikan.

Pas acara pitung dinane mbah Tukijo, pak Mudhin diundang maneh. Mari mimpin dungo, Mudhin lagek iling lek surate mbah Tukijo iku mau. Waduh slamet aku sik iling onok titipan surate mbah Tukijo, pikire pak Mudhin

Derek-derek sedoyo, iki onok surat seko alm mbah Tukijo sing durung tak sampekno nang peno kabeh.

Lek ndelok mbah Tukijo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune. Ayo diwoco bareng2 jare pak Mudhin. Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine:

"HEH... NGALIHO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OKSIGENKU !!! KOWE MIDHAK SELANG OKSIGENKU... AKU ORA ISO AMBEGAN... GOBLOK!!!!

No comments: